Sabtu, 30 Juli 2016

Drama Bahasa Jawa



 Contoh drama bahasa jawa untuk 5 orang


Akhire dadi Kanca Kenthel
 
Narator        : Ing Sawijining dina, ana bocah anyar ing kelas IX jenenge Louise. Bocah iku cupu.

Abram          : “Eh .. ana bocah anyar. Garapi yuk...”
Christian       : “Ayo .. kapan?”
Marco           : “Wektu istirahat wae, pas wonge ing kantin”
(Bel istirahat muni)
Abram          : “Bel wis muni, kok bocahe suwe banget?”
Christian       : “Aduuh ... suwe banget bocah iki”
Marco           : “Eh, iku wonge metu. Siap ya...”
(Louise metu nggawa mangan awan lan tiba)
Louise           : “Aduuh....”
Abram          : “Mati kowe!”
(Bocah telu padha ngguyu)
Viona           : “Kowe ki ana apa tha?”
(Louise sinambi nangiake awake)
Christian       : “Kenapa? Ora seneng ya?”
Viona           : “Aku ora seneng. Kowe tumindak sakarepmu dhewe!”
Marco           : “Eh, aku ora duwe masalah karo kowe! Dadi kowe ora sah melu-melu.”
Viona           : “Nanging kowe ojo sapenakmu dhewe tumindak kaya ngene.”
Marco           : “Dadi kowe rak seneng yen kita tumindak ngono marang dheweke? Apa kowe gelem nasibmu kayak dheweke?”

Viona           : “Ya wis lah Louise, wong kaya ngono kok diladenin. Mending dhewe metu saka kene.”
Abram          : “Wow ... golek gara-gara karo dhewe. Kita durung rampung ngomong, malah wis lunga.”
Chrisitian      : “Nyante wae, aku duwe akeh cara kanggo nggarap dheweke!”
Abram          : “Apa idemu?”
Christian       : “Kepriye yen kita kunci ing gudhang?”
Marco           : “Wah...., Apik iku!”
(Bel mlebu iki nyuworo)
Marco           : “Ayo wis bel....,ayo mlebu kelas!”
Abram          : “Ayo...”
(Lan pungkasanipun lonceng muni maneh)
Viona           : “Gelem mulih bareng ora?”
Louise          : “Gelem...gelem”
Christian       : “Eh, dheweke wis padha metu!!”
(Viona lan Louise diundang karo Abram)
Abram          : “Viona! Louise! Mreneaa.... mrene!!”
Viona           : “Kenapa?”
Abram          : “Kowe diutus njupuk buku-buku cawos kang ana ing gudhang”
Louise          : “Dikongkon sapa?”
Marco           : “Ya pustakawane lah!”
Viona           : “Saiki?”
Christian       : “Ya lah ...! mosok sesuk esuk!”
Louise          : “Ya wes Vi, yuk kita lunga menyang gudang.”
(Viona lan Louise iki milih buku-buku lawas)
Louise          : “Loh ..! kok lawange ditutup? Sapa sing ngunci lawang?”
Viona           : “Temtunipun bocah telu mau padha ngunciin dewe ing kene.”
(Viona lan Louise nyuwun tulung lan akhire ditulung guru BK.)


(Dina sabanjure)
Narator        : Abram,Christian,Marco mlebu sekolah kaya pada biasane.
Dumadakan ana kanca sing ngomong nek dheweke padha disebut karo BK


Marco           : “Apa iku? Knapa kita diundang BK?”
Christian       : “Ora ngerti aku, nanging kenapa ya kok diundhang BK?”
Abram          : “waduh .. mesthi ana apa-apa ya?”
Marco           : “Iya, ya ora sah wedi. Mrono wae dhisik, sapa ngerto kita oleh prestasi”
Christian       : “Ya bener, yuk.....”
(bocah telu mau banjur menyang BK)

Narator        : Sawise tekan BK, dheweke padha diamuki amarga ngunci Louise lan Viona ing gudhang. Guru BK menehi saran supaya aja tumindak maneh lan njaluk pangapura marang Viona lan Louise.

Christian       : “Viona,Louise, kita njaluk pangapura tumindak marang kowe. Kowe gelem menehi pangapura?”
Louise          : “Ya, kita apurani. Nanging kowe janji ya aja bakal tumindak maneh marang dhewe?”
Marco           : “Ya, dhewe janji.”
Viona           : “Apa ora luwih becik yen kita kekanca wae?”
Abram          : “Wah, idemu apik tenan!”
Louise          : “Dadi saiki kita wis dadi konco ya?”
Christian       : “Iyo.....”
Louise          : “Kenapa ora soko biyen wae ya?”
Viona           : “Kan luwih kepenak dadi kanca tinimbang musuh”
Christian       : “Ya bener uga sih, kok ora saka mbiyen kita kaya gini.”
Abram          : “Ya, Aku kepengin uga gini. Nanging sifat jail kita sing marake wis akeh mungsuh.”

Marco           : “Yo wis lah... ora sah diungkat-ungkit sing kepungkur, sing penting saiki wis dadi kanca. Aku pengin kita ora mung kekancan wae. Aku pengin kita dadi kanca salawas-lawase. Lan ana ora ana bab mungsuhan maneh.”
Louise          : “Ya, Aku uga kepengin kita dadi kanca sing tolong timulung marang liyane.”
Marco           : “Aku uga pengin kita kabeh pediuli marang sopo wae, kaya yen ana kanca sing nggawe surahing ati.”
Christian       : “Lan yen ana wong liya seneng, kita melu ngrasakake seneng.”
Viona           : Ya, tenan Bener iku! (ngguyu)

Pungkasaning crita........
Narator        : Dheweke dadi kanca kang reket banget.


Maaf jika ada kesalahan kata (karena membuat sendiri)
Semoga bermanfaat

1 komentar: